Homophobia (filem)

Homophobia
DisutradaraniGregor Schmidin
Diprodhuseri
  • Gregor Schmidinger
  • Julian Wiehl
Ditulis déningGregor Schmidinger
Dibintangi
Dimusiki
  • Herbert Verdino
  • Jakob Wolf
SinématografiNino Leitner
Dibesut déningGregor Schmidinger
Tanggal metu
11 Mèi 2012 (Gartenbaukino)
14 Mèi 2012
(Online)
Suwéné
23 menit
NagaraOstenrik
BasaBasa Ostenrik-Jerman

Homophobia ya iku filem abasa Ostenrik-Jerman saka Ostenrik kang dirilis taun 2012. Sutradara Gregor Schmidin dadi sutradara, prodhuser, uga panulis filem kasebut. Filem iki dibintangi dèning Michael Glantschnig, Josef Mohamed, Gunther Sturmlecher, lan Harald Bodingbauer. Diputer pisanan ing Vienna tanggal 11 Mèi 2012, filem iki uga dirilis sacara online rong dina sakbanjuré, tanggal 14 Mèi 2012. Homophobia nyaritakaké babagan Michael, prajurit militèr Ostenrik, wis tugas ana ing wates Ostenrik-Honggari pitung minggu suwene.[1][2] Dhèwèké pisah karo kulawargané. Amarga kumpul karo wong-wong lanang, Michael wiwit ngrasakaké tresna marang kancané, Raphael. Michael uga nampa bully saka kanca-kanca liyané amarga dhèwèké homosèksual utawa seneng marang wong lanang.[3]

Dirlis magepokan karo "International Day Against Homophobia", filem iki cukup suksès ing promosi, sing ditampilaké dèning platform utama ing internèt lan mèdhia cétak. Homophobia njupuk aspèk-aspèk penting saka kauripan kalebu kawédenan, buron lan aniaya dadi topik sing apik ing Gay Cinéma. Sawisé ngenalaké karakter utama, bocah remaja sing ngladèni Angkatan Bersenjata Ostenrikn, kita nemokaké dhèwèké diubengi dèning bocah-bocah lanang sing agrèsif lan nèkat. Homophobia diceritakaké kanthi dramatis sing narik banget lan fokus ing siji karakter utama, nanging tetep bisa ndadekaké univèrsal. Saliyané babagan sing njelajah kasusahané wong homosèksual enom kanthi cara sing luwih wiyar. Sanajan kabèh wong njaba ora setuju, filem kasebut tetep sengaja digawé. Kamera claustrophobic dèning Nino Leitner mènèhi rasa kepriyé sing kudu dirasakaké karakter paraga lan nambah ketegangan drama. Akting dèning Michael Glantschnig apik banget ing filem kasebut.[4]

  1. Homophobia, dibukak ing 2019-12-29
  2. "Homophobia - YouTube". YouTube (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-31.
  3. "VANGARDIST Issue 24". Issuu (ing basa Inggris). Dibukak ing 2019-12-31.
  4. "Homophobia by Gregor Schmidinger | Short Film". Short of the Week. Dibukak ing 2019-12-31.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search